Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 4 Sesuai Kisi-kisi Semester 2
Contoh soal PAT materi Bahasa Jawa untuk adik-adik kelas 4 SD MI ini telah disesuaikan dengan kisi-kisi terbaru tahun 2022.
Adanya soal PAT dalam artikel ini, diharapkan dapat membantu adik-adik kelas 4 dalam belajar guna mempersiapkan diri menghadapi ujian Bahasa Jawa.
Melansir dari buku Bahasa Jawa kelas 4 dan kanal YouTube Sekodas, dengan pembahasan soal yang dipandu oleh Diana Zulfani, S.Pd. Alumni Prodi PGSD Universitas Terbuka.
Berikut sajian selengkapnya :
Wacanen kang permati kanggo mangsuli pitakon nomer 1-2!
Cerita Bima Bungkus diwiwiti cerita sedhihe Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kacarita, Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi sedhih amarga putrane nomer loro, yaiku Bima lara dan durung ana tambane.
Kahanan kaya mengkono gawe sedhih Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi saengga ngutus Arjuna supaya nemoni Begawan Abiyasa ing Pertapan Rahwatu.
Sanalika iku Arjuna ngadhep sowan marang simbahe, Begawan Abiyasa ing Pertapan Rahwatu. Dheweke banjur matur bab sedhihe rama ibune.
1. Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi sedhih amarga…
a. Arjuna nemoni Begawan Abiyasa
b. Dewi Kunthi durung ana tambane
c. Begawan Abiyasa tilar donya
d. Bima lara durung ana tambane
Jawaban : d
Pembahasan : Miturut cerita ing ndhuwur, Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi sedhih amarga Bima lara lan durung ana tambane.
2. Arjuna sowan marang Begawan Abiyasa menyang…
a. Bumi Sedhayu
b. Negara Ngastina
c. Pertapan Rahwatu
d. Pertapan Kurukshetra
Jawaban : c
Pembahasan : Manggone Begawan Abiyasa ing Pertapan Rahwatu.
3. Wacanen kang permati!
Anane Bina ing tengah alas, digawe kesempatan karo Kurawa. Pihak kurawa, ethok-ethok mecah si Bungkus.
Sejatine mung pingin nyilakani si Bungkus Bima. Bima sing bakal dadi satriya asline sekti. Dadi kabeh senjata saka kurawa ora mempan nembus utawa nglarani Bima.
Kurawa ethok-ethok mecah si Bungkus Bima kang tujuanne…
a. nylametne
b. nyilakani
c. ngopeni
d. nguri-uri
Jawaban : b
Pembahasan : Kurawa ethok-ethok mecah si Bungkus Bima sejatine mung pingin nyilakani.
4. Wacanen kang permati!
Nalika bungkus pecah, dadi perang tandhing antarane Gajahsena lan Bima. Gajahsena dibanting lan mati.
Kabeh kekuatanne Gajahsena pindhah ing Bima. Dene gadhinge dadi senjata kuku Bima.
Pungkasane tandhing antarane Gajahsena lan Bima yaiku…
a. Gajahsena mati
b. Gajahsena musna
c. Gajahsena menang
d. Gajahsena manut Bima
Jawaban : a
Pembahasan : Pungkasane tandhing antara Gajahsena lan Bima yaiku Gajahsena mati amarga dibanting karo Bima, sejatine Bima iku satriya kang sekti mandraguna.
5. Aksara “nga” mati ing pungkasan tembung panulisane kanthi sandhangan…
a. wulu
b. ceceg
c. pepet
d. taling
Jawaban : b
Pembahasan : Aksara “nga” mati ing pungkasan tembung panulisane kanthi sandhangan ceceg.
6. Sandhangan wyanjana cacahe ana 3 yaiku…
a. cakra, pangku, pengkal
b. cakra, keret, pengkal
c. cakra, ceceg, pengkal
d. cakra, suku, pengkal
Jawaban : b
Pembahasan : Sandhangan wyanjana yaiku cakra, keret, lan pengkal.
7. “Duh Gusti Allah, mugi-mugi kula saged angsal iwak akeh ing dina iki.”
Piwulang becik saka ukara ing ndhuwur yaiku…
a. njaluk iwak sing akeh marang Gusti Allah
b. saben dina kudu golek iwak sing akeh
c. pagawean kudu dibarengi ndongo
d. Gusti Allah wis pirso karepe dewe
Jawaban : c
Pembahasan : Piwulang becik miturut ukara ing ndhuwur => pagawean kudu dibarengi ndongo.
8. Cacahing larik saben sapada ana ing tembang macapat diarani…
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru gatra
d. guru tembang
Jawaban : c
Pembahasan : Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada.
Untuk berdiskusi tentang Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 4 Sesuai Kisi-kisi Semester 2, silahkan tulis pada kolom komentar atau bisa menghubungi dengan klik menu kontak di blog ini, dan share info ini sebanyak-banyaknya ke media sosial kalian ya ^-^ Semoga bermanfaat, salam Pendidikan!
Artikel ini sudah publish dengan link https://www.andelina.me/2022/09/soal-pat-bahasa-jawa-kelas-4-sesuai.html.
Disclaimer: Setiap artikel yang berhubungan dengan soal-soal beserta kunci jawabannya, bertujuan untuk membantu siswa belajar dalam persiapan menghadapi UTS/PTS maupun UAS/PAT di sekolah. Tidak ada unsur membocorkan soal yang sifatnya rahasia.